BLENCONG PEPADHANG SALEBETING WAYANG TANPA DHALANG

oleh -
oleh

Dening: Nono Suwarno

SuaraBojonegoro.com – Kakanthi puji syukur konjuk ngarsanipun Gustigung umiring umbul donga mugi pikantuk berkah sih rahmat-Ipun. Suprandene kita sampun pinaringan kanugrahan saengga kuwawi mbabar karya sastra wujud buku kempalan geguritan ingkang cundhuk kaliyan krenteg tuwin ancas tujuwan ngupaya tuwuh ngrembakanipun sastra Jawi.

Tumunten tumangkaripun pengarang mliginipun panggurit sastra Jawi tansaya tuwuh ngrembaka, katitik saking kathahipun buku ingkang kababar nadyan kedah cucul prabeya pribadhi. Jer mbiwarakaken karya-karya kanthi terbit dados buku sastra mujudaken salah setunggaling pambudidaya ngleluri basa tuwin sastra Jawi. Amrihipun pengarang tuwin panggurit mudha-wredha taksih kasdu nyerat kanthi ajeg, dados pangatag sagetipun tansaya grengseng ngindhakaken kreativitas saha prodhuktifitas.

Wiyosipun antologi geguritan kanthi irah-irahan Wayang Tanpa Dhalang reriptan panggurit kawentar sedherek Gampang Prawoto menika nyethakaken bilih sastra Jawi taksih dipuntresnani saha dipungandrungi pandhemenipun. Maksih gesang sempulur nadyan gilir gumanti generasi sumawana mobah mosiking jaman kelakonipun, langkung-langkung sampun ngancik dhumateng era digital ingkang mangaribawani bebrayan Jawi.

Satuhu perkawis ingkang ndadosaken bombonging penggalih, bilih sastrawan Gampang Prawoto mbabar karya enggal wujud antologi geguritan abasa jawi. Jer panjenenganipun menika manjila karya-karyanipun ing donyaning sastra Jawi tuwin sastra Indonesia.

Datan prabeda, sedaya sami-sami hebat nalika perform maos geguritan punapadene ngayati musikalisasi puisi wonten ing panggung apresiasi. Liripun, senadyan langkung rumiyin moncer ing jagat sastra Indonesia tresnanipun priya ingkang asring dipunundang Mas GP menika mring sastra Jawi datan emban cindhe emban siladan. Satraju setimbang mboten botsih.

Kempalan geguritan kanthi judhul Wayang Tanpa Dhalang menika yayah kembang setaman ingkang kapethik saking salah setunggaling judhul geguritan. Buku antologi ingkang kebak pralampita ngenani kahanan bebrayan sosial. Pasemon laku-lelakone manungsa ing jaman akhir kang remuk rempu. Sungsang jempalik gesang ing .jaman gindrang. Saumpami kawawas saking perspektif (cara pandang) pagelaran wayang, gurit-gurit endah kadidene blencong sesuluh.

Panggurit nyawang kanyatan ngaurip mboten winates ngangge pamawas lair kewala, suprandene sedaya laku-lelakon diwaos kanthi netra batin menebing jiwa. Kanthi pralambang wayang tuwin dhalang, sajuga pralampita manungsa tinitah wonten ing jagat gumelar kados dene wayang. Kedah nut karsa karsanipun Pangeran kadidene dhalang slaras kaliyan pranatan salebeting kitab suci ingkang dados pituduh dalasan paugeran bebrayan ndonya tumekeng ndelahan.

Kawuryan nalika pengarang kepengin nduwa kanyatan jaman gindrang nungsang njungkir gesang nabrak pranatan, ingkang kawogan kepengin tebih saking kanyatan miwah mboten ngreridhu sinten kewala ing madyaning bebrayan. Prasaja dalasan panduwa kalawau kawiyos lumantar gurit Jumbleng.

aja dadi ati
lakuku ora bakal reridhu gawemu
aku dudu jarot ing satengahe menyok
uga ora slamper ing empog jagung
dede las jroning sega beras.

Panyaruwe ingkang suraosipun saemper ugi saget kawaos wonten ing gurit Lingga Yoni Jumah legi, Gurit Kinarya Japa, Aku Ngalah Kowe Ngelah lan gurit sanesipun.

Kadidene panggurit ingkang ugi ngemban jejibahan minangka dwija, Gampang Prawoto kebak kawicaksanan anggenipun arsa asung pangertosan miwah pitutur luhur (edukasi) sinamar mring satengahing gesang tembayatan. Trep kaliyan subasitanipun bebrayan jawi ingkang andhap asor kebak pasemon tuwin pralambang.

Kados wasita adi ingkang sinawung ing salah setunggaling geguritan: Wayang Tanpa Dhalang
wayang wayang
tinatah tinitah nut ing dhapuke
lekak lekuk singkaling luku
nut tlacak tlacak ing debog-debog
tancepe kayon dhalang kang mbesakake

Suka pitutur luhur bilih manungsa tinatah tinitah kanthi maneka dhapukan (peran), estunipun kebak maneka nugraha kabegjan tuwin pambengan (lekak lekuk singkaling luku) nggaritaken maneka crita kodrating Gusti wonten ing ngalam ndonya (nut tlacak ing debog-debog) sekawit lair tumekeng anjoging alam kelanggengan, sedaya nut purbawasesaning Pangeran (tancep kayon dhalang kang mbesakake).
Kadidene kawula ingkang ngrasuk kapitayan, wajib tansah ngudi panembah sumarah, kedahipun manut printah tansah njunjung laku kaluhuran saking Kang Maha Wikan. Ananging kasunyatan ing bebrayan jaman akhir menika manungsa asring singlar saking gegebengan. Nrabas pepacuhing Gusti.

 

Ngiwakaken pituduh pranatan ing maneka dimensi panguripan. Kados sinawung ing pada salajengipun:
yagene
ing jaman gindrang
wayang wayang padha mbesakake wayang
tanpa dhalang
amba ambanan cangkem
adu pinter
ngomong mbengok banter
nadyan ora pener.
Ngampil istilah kritik sosial saking R.Ng. Ranggawarsita, estunipun kita ngancik jaman edan. Tumindakipun manungsa sampun kathah ingkang nerak pranatan. Keblasuk ing ulegan gesang ingkang datan kawistara pundi lampah sae tuwin batil (ing jaman gindrang). Manungsa kapiadreng ‘mentuhankan dhiri’, lali marang Pangeran. Lakuning manungsa kang sayektine dibesakake dening Pangeran, malih diobetake dening manungsa pribadhi (wayang wayang padha mbesakake wayang, tanpa dhalang).Manungsa sampun tebih saking Pangeran, koncatan iman kapitayan, marma manembah mring gebyar kadonyan.

Nedhak sajuga jaman ing ngendi manungsa sami dados tumbak cucukan nyolahake laku ‘provokator’, banter-banteran swara, arebut bener nadyan keblinger (ngomong mbengok banter,nadyan ora pener).Jalaran manungsa padha kegedhen cangkem lambe turah kekathahen wuwus nanging nggedabrus (amba ambanan cangkem). Umpami sinugata kanthi walaka, ukara ing pada-pada gurit menika kados wesi gligen ingkang ndhodhog maras.
Amrihipun ngrasuk salebeting wardaya, ing pada pungkasan guputisari kasebut, sang pujangga nandhesaken bilih jaman gindrang, saestu mrangguli kasunyatan ingkang miris. Kahanan gesang ingkang nggegirisi. Manungsa yayah nyingkur tuwin nir kapitayan wontenipun Gusti Pangeran. Sami ngranjab sanjata fitnah nyebar alaning sanes. Rebut menang sowang-sowang. Tumindak ngrusak laku saparan paran.

Mangga dipunayati tembung miwah ukara ing pada pungkasan menika:
wayang tanpa dhalang
mbeber alaning liyan
gegaman klewang lan pedhang
mburu menang
lali lamun getih iku warnane abang.
Sayektosipun lumantar kempalan gupita Wayang Tanpa Dhalang, pangripta nguwuh sesambat tuwin nyaruwe tingkah polahing manungsa ing jaman akhir. Tumindak ingkang sampun mlenceng saking pranatan. Lumantar geguritan menika dados bahan penggalihan. Semu ajak-ajak nemaha tumindak ngluhuraken bebener.

Memayu hayuning bawana. Ngaurip ayem tentrem rukun sesandhingan, nebihaken pradondi crah cecongkrahan.
Saumpami wonten cathetan wigatos ingkang kaaturaken salebeting tintingan menika, yektosipun karya-karya ingkang sumawur salebeting antologi gurit sinerat dening pangriptanipun kanthi tembung-tembung prasaja. Senajan kathah enggak-enggoking ukara kebak lelewa ananging bilih sinawang sumawana rinaos salebeting wardaya kraos mili kumricik kanthi wirama ingkang satuhu nengsemaken.
Kalamun wonten panyeda ingkang ngrenggani antologi menika, sairing owah gingsir kahanan jaman mboten aeng bilih mendhak-mendhukule geguritanipun GP ketrocoban tembung-tembung dialek lokal basa lisan padinan. Ananging kanyatan kalawau mboten ndadosaken saru ananging kepara mantesi jalaran membumi satengahing bebrayan, karana basa miwah sastra menika lumampah dinamis.

Salebeting Wayang Tanpa Dhalang, terwaca bilih penulis mboten namung winates dolanan tembung-tembung kebak lelewa. Datan ngemungkaken tembung ukara ngayawara. Mboten namung nyediyani panggung estetis imajinatif, nanging ugi realis. Ngombyongi pemanggihe Subcomandante Marcos, yen kanthi tembung tuwin ukara saget kangge panglenggana ndandani laku dhiri miwah mahanani ngasanes.

Gampang Prawoto, sastrawan nyentrik arikma gondrong rembyak-rembyak ingkang ngemban minangka dwija pengpengan menika wigatos nampi pengaji-aji. Apresiasi donyaning pendidikan tuwin aras sastra Jawi. Jer kuwawi ngembani dwija kebak dedikasi saha kadidene panggurit ingkang ngrenggani regenging tamansari salebeting destinasi sastra Jawi. Ingkang dipunajab ngembuyung ledhung-ledhung sadawaning delanggung kasusastran Indonesia. Istingarah sedaya kalawau saget sumunar, dados blencong pepadhang satengahing panggung bebrayan cakramanggilingan sineling endahipun gendhing panguripan.
Saksampunipun maos buku kempalan geguritan Wayang Tanpa Dhalang, mbokmenawi betah filsafat hermeneutika kangge slulup merdeni lumantar teks saha konteks ngenani kawasisan anggenipun dolanan maneka tembung saengga terbit gurit endah mranani. Slaras kaliyan bakatipun Gampang Prawoto ingkang ngedab-edabi arikala ‘manggung’ wonten ing maneka pagelaran. Sumawana portofolio panggurit ingkang dwija ananging karya-karyanipun edukatif mboten atungtum ngguroni sinten kemawon.

Makaten pangiring ingkang saget kula aturaken. Mugi-mugi wiyosipun antologi manjila menika kuwawi nuwuh ngrembakaken reriptan awujud buku. Kanthi setiyar tuwin umbul donga raharja istingarah jumbuh ingkang arsa ginayuh sembada ingkang samya sinedya wusana sastra Jawi tuwuh ngrembaka.

Sumangga dipunresepi, sugeng maos Gusti tansah hangayomi.
Kula ndherek mangayubagya.
Nuwun

Bojonegoro, 2024
Nono Suwarno
Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro

No More Posts Available.

No more pages to load.