Dening : Gampang Prawoto
Daktrajang alas lelimengan
munggah mudhun enggoking dalan
ora ngoyak celeng sing kadenangan
colong pangan saka wohing tetanduran
kang ninggal tlacak banjur sesingidan.
ngoncati pakaryan wis dadi gegaman.
Ing ereng-ereng gunung pandhan
daksimpen mubal puthiting kekarepan
sadlenik ati oncating rasa pepenginan
kang sawetara wektu durung kalaksanan
nyiram winih-winih ogol butuh rabukan
enggal nyempulur woh legi kamakmuran
Darbe ancas kang wigati tur utama
ngrakit aksara kareben bisa diwaca
titis maca jlentrehake sarining makna
nulis angka miji atus ewon nganti yuta
petung kanthi tambah ping para lan suda
gegulang olah budi lumantar basa jawa.
Alas kari tilas, wana kari crita
mbako marmer lan kayu jati wis ora ana
wit jati padha mati ganti jagung hibrida
marmer ora dadi taliasih cendera mata
mung bruwah gabah rega ora mandra
mubal lenga durung gawe kawula mulya.
Krondonan-Gondang,16042025








