SENI GAWAN BAYI

Dening: Herry Abdi Gussti

Wong tuwa ra usah kuwatir ra usah mikir seni tradisional ki jek urip pa ra, jek lestari pa ra..
melok-melok mikir tiwas jantungen..
Seni budaya kuwi wis tinakdir nguripi dhirine dhewe.
jaman gumanti kepriye wae ora bakal bisa nggerus apadene ngilangi seni budaya..
Kayadene sawetara sastrawan Jawa dhewe ana sing bengak-bengok (rekane ngramal) yen sastra Jawa bakal cures ing taun 2012.
Kuwi mung agawe _sensasi_.
Dinane iki lho, Jiwa Nuswantara tinakdir Gugah (bangkit), nglawani para pehak saka manca kang ngangkangi bumi jinawi iki nganggo kabudayane kana. nanging.. wektu wis manjing, Jawa tetep Jawa.
saiki wis akeh wong udhengan, blangkonan saenggon-enggon.
Akeh wanodya putri lan remaja putri ngore rikmane kang ngandhan-andhan, gerakan Kebayak Nuswantara wis anjrah..
Para Gen Mill lan Gen Z nggiluti Seni Tradisi, pirang-pirang kang ngangsu ngelmu seni sacara formal ing pawiyatan luhur, fakultas seni budaya, fakultas bahasa dan sastra ing universitas, apadene kang teknis ing institut seni Indonesia, sekolah tinggi kesenian, utawa nyantrik marang seniman senior, melu nggabung ing sanggar-sanggar seni lan sastra… ana uga kang “otodidak”, ora nate melu meguru seni, wong tuwa kalorone uga dudu seniman, nanging kok seneng lan baud nyeni.. Lho!!! iki nek ora kodrate Gusti Kang Akarya Jagad, ya ora mungkin!!!
Aku wis tuwuk manoni bab iki.
Aku gambul para seniman-seniwati sak kabupaten iki.
Bocah-bocah sing nggiluti seni tradisi wis ora kena dietung nganggo driji. ora kok amarga ora ana blas, ning suwalike, amarga akeh banget sak hoh hah…
iku wae sawatara kang kadenangan, mesthine isih ana kang kasimpen primpen durung mecungul ing pabaratan. sing durung ka’ekspose’.
Wis ta akeh generasi saiki sing bakal nerusake ‘eksistensi’ne seni lan budaya tradisi ngluwihi wong tuwa-tuwa sing wis ripu lan isi utege mung kuwatir ae..
Kakuwatiran kuwi mung _sensasi_.
ora ora yen seni tradisi mati. Lha wong seni nguripi dhiri pribadhine dhewe. Gusti tetep isen-isene ndonya iki, kanggo kasalarasane bumi.
ana siang ans ratri,
ana jalu ana pawestri,
ana mendem suwarga ya tetep ana seni tradisi.
Gusti isih tetep nurunake Wahyu Seni Tradisi marang Bayi-bayi kang lair ing Bumi.
Aku duwe conto Generasi Millenial lan Gen Z sing duwe bakat gawan lan seneng seni tradisi, senajan Bapak-Ibune ora seniman. dadi iki murni Bakat Gawan, Kodrate Gusti nurunake Wahyu Seni marang dheweke .