SASMITA

Oleh : Gampang Prawoto

Ana kang katon ning ora katon
uga ana kang ora katon ning katon
ora ateges samubarang kaukur pancadriya kaanggep ana lamun bisa sinawang netra
tumungkuling rasa mobah mosik ing donya
tunggal jagad sesewangan ya sesawangan
tetembungan nir ing swara ning cetha
tanpa aling-aling tanpa eling-eling blaka
sakecap ucap tembung rinakit ukara
lamun wigati uga wujud sasmita.

Grogolan, 16072025

Baca Juga:  SENI GAWAN BAYI