Dening : Gampang Prawoto
Jagading pamulangan ora mung mligi apa kang katon wujud kawruh “calistung” ateges ming pinter maca, nulis, ngitung.
Ning satemene apa sing ana sawalike iku kabeh yaiku tumindak kang luwih apik lan becik lamun dibandhingake karo wong-wong kang ora bisa maca lan nulis kang ditimbang saka budi pekerti ing sabendinane.
Pinter ing kawruh calistung lamun ora duweni ngilmu dasar kang mancep mathok minangka pondhasine urip mula ing tembene kapintera-kapinteran arupa kaweruh iku ming wujud hawa napsu arupa pepenginan-pepenginan mungguh pribadine dhewe, ora liya ya ming gawe kapitunane liyan.
Pintere maca kang bisa gawe teges lan makna dadi beda, pintere nulis kang gawe sakabehing tumindak ala bisa kalis, pintere ngitung kang gawe negara samesthine bathi kepara malah tuna.
Saliyane wasis “calistung” ing jagading pamulangan uga kang sawetara dianggep wigati tumpraping siswa mungguhing sekolah yaiku “pipalanda” sing duweni karep para siswa bisa nguwasani ing jagading itung-itung. Malah ing jagading pendhidhikan moderen; siswa kang pinter lan nguwasani ping, para lan, suda iku kang dianggep pinter ing sakabehing wulangan jroning sekolahan.
Kamangka kodrat ing garis uriping manungsa saben-saben wong iku duweni kaluwihan kang pinunjul ning uga duweni kakurangan saka akehing kabisan ing sajrone uripe. Mula iku samesthine kang dadi pambiji ing jagading pamulangan iku ora ming bocah-bocah pinter molak-malik angka kanti cara ngepingake (perkalian), mara/mbagi (pembagian), lan suda/nyuda (pengurangan), ning kudune malah sawalike, kosokbaline iku kabeh, ingkang kawogan ing jagading pamulangan bisa nintinge apa kang dadi kabisane bocah siji lan sijine, apa kang dadi kasenengane, awit saben boca duweni kapinteran, kaprigelan wiwit lair mula. Saka iku kabeh sekolah lan para pangemong ming ngungkal akal, nalar lan kabisane bocah nganti tumekane wasis uga prigel lan pamomong ora duweni jejibahaning wajib nyithak reca-reca anyar kang wasis tatajanma limpat ing olah basa ning ora mraelu ing olah rasa. (**)
Jambon,17092025








