KAHYANGAN API

Katulis : Gampang Prawoto

Dakpanggang rasaku
ing urubing geni kahyangan api
mulad-mulading ati ambyar jlema keluk
mabur ing akasa tanpa rupa lan ganda.

Dakjamas badan wadhagku
ing umob ubaling banyu blukuthug
“patirtan welirang” ngluwari kala sukerta
kang mapan sajroning jiwa lan raga.

Ing patilasan Empu Supa
daktata mlebu metuning hawa
madhep antep sapucuking grana
yoni pangaribawa sarandu sajiwa
curiga manjing warangka.

KahyanganApi,16072025

Baca Juga:  Gurit Minggu Saka Gampang Prawoto