Dening: mas gampang prawoto
ming sora ing swara
wancine ngancik gara-gara
gawe ontran-ontran isene donya
gawe horeg ming murih pangalembana
lamun galih jati mapan satengahing rasa
petung ming klawan ping, para, lan suda
tan mawa petung untung apadene tuna
jejer manungsa manunggal maha kawasa
mawa njaga nutup babahan hawa sanga
mepes napas sapucuking grana.
ming sora ing swara
santi puji nyadran merti desa
atur kurmat puja ingkang baureksa
pisan babat gung liwung wingite wana
ing karep ngleluri adat tradhisi jawa
memetri adiluhung budaya bangsa
horeg kepara ming ndhedher angkara
para pangemong pangebating praja
lirwa mring tatanan kang utama
rinasa putra wayah sajak balela
jongkeng kawibawan kang ngreksa.
ming sora jng swara
lamun ungkal watu isih piguna
tan bakal lirwa memetri landhepe rasa
ming ngagem ngugemi kang kasat mata
kamangka jaman wis aweh pralampita
ora salugune lamun tandang karya
oncat ing padatan jrone prastawa
horeg iku kabeh wujude sasmita
arep ana kadadeyan apa.
Sumberrejo,13052026








