Dening: Gampang Prawoto
349
Ing erek-erek
tapsir sewu ngimpi
angka “telu papat sanga”
“mati lemes” gambare cetha
sawijine prastawa kang gawe rasa cuwa.
geneya
ing bumi anglingdarma
bumine para dewa jagading jawata
kamangka urip ing lemah kang subur
atose watu-watu gunung kumricik mili banyu
mbako, pari, palawija nguwoh asile wulu wetu.
49
ing wawe nyocogake angka
gambar drakula lan bethari durga
lawa-lawa wengi colong woh-wohan
pucuk pethite gunung minangka unggahan
cethok, wedhi, kricak, semen memba bangunan
akehe bor, dawane pipa lenga gawe kamakmuran.
kamangka
gayatri wis diupakara
pitik-pitik ngombong ngendhog sabendina
ning rega pakan rada nuthul apa nyucukna
wedhus-wedhus karan domba
nggecing kacancang ing latar bawera
padha cluluk, embak-embek nyapa calon bendara
mapan ing kangdhang deru nggayemi nglegena
pangajab wargane bisa nemahi mulya
bagya, makmur lan sejahtra.
349 tesene 330
sing gambare dhompet
wadhah surat, lan dhuwit rada mripit
jeneng urip kadhang mepet kala-lala kepepet
muga muga donga panyuwunku ora kasrempet
landhepe glathi, lathi, lan ati kang kok sengketet.
Bojonegoro,30102026








