PARAGA

oleh -
oleh

Denung: Gampang Prawoto

Pesindhen ngelik ngelik
tetembangan larasing irama
eman eman ya mas
ngelingake samubarang
ngelikake kang bacut ilang
ing sajroning ulat, ilat, lan polat
sandhang panganggo kaya-raja
ning patrap laku raja-kaya.

Wayang wayang
wiwit dibesakake
ngongang swarane dalang
hong…
bumi gonjang ganjing
langit kelap kelap
kaya kaya ngajak perang
eloking keris lan landhepe pedhang
ngudal mbedhaling piwulang
kang nyebal dalaning tatanan
ngosak asik pranatan
keliring jagad rowah-raweh
adu bener, adu geger, nrajang pager kang bacut dadi bandhil lan canjang
tatu arang kranjang nunjep ati

Pesindhen ngelik ngelik
tetembangan larasing irama
eman eman ya mas
ngelingake samubarang
ngelikake kang bacut ilang
ing sajroning ulat, ilat, lan polat
sandhang panganggo kaya-raja
ning patrap laku raja-kaya.

Niyaga niyaga
tetabuh slenca, titi laras ora digagas
slendro jare pelog lan pelog jare slendro
ji, ro, lu, ma, nem
ngendi panunggal aran sirah,
ngendi gulu, ngendi dhadha, lan ngendi driji driji astamu, uga nenem kang nemahi.

Blencong
kasatan patra
debog-debog bacut bosok
kabeh ngaku bener
kabeh ngaku pinter
kabeh padha ngaku dadi dhalang
banjur
sapa kang dibesakake dadi wayang.

Sastrowidjojo,26012022

No More Posts Available.

No more pages to load.