Geguritan Saka Lan Rijik

oleh -
oleh
Sangking: Gampang Prawoto














SAKA

Lamun tanpa hawa
wulu
kulit
getih
otot
daging
balung
sumsum
amung cagak-cagak gumlethak
tanpa daya, tanana rasa
nir pangaribawa

Nyawa
nyawawijining raga lan hawa
mbegegeg ugeg ugeg
hemel hemel sadulita
saka
sangkan paraning
dumadi
dadi.

Sastrawidjaja,11052017

RIJIK

jaman gombal gambul
mikir nggawe dhengkul
mula nalare kethul
penul
mbegudul
omong ngalor-ngidul
dodol semprul
jaman-jaman!

jaman gombal gambul
isuk kumpul
wengi nyusul
cucul kemul
mbedhugul
siji minthal-minthul
sijine gondhal-gandhul
jeptrat-jepret pose jadul
kanggo samak kalawarti cabul
gombal-gambul
wiwitane ngrangkul
nyucup banyu gendul cap kuntul
turu kumpul
gambul
banjur nutul
sawahe kanca dipacul
jaman-jaman!

jaman gombal gambul
iki ora kancil mungsuh besusul
ning bajul lan wregul
adu dhengkul.

Sastrowidjojo,25052017

No More Posts Available.

No more pages to load.