Oleh : Gampang Prawoto
kangenku
kang kalindhes wektu
ibu-ibu kenes tur kemayu
gandhes luwes tan katon wagu lan saru
sembadaning pepaes patrap tindak laku.
ndhedher trisna
marang jejering wanodya
ngrasuk ngagem busana jawa
tinusuk kondhe ginelungan rikma
kebayak jaritan luwes slendhang mawarna.
wektu bacut kamangsa
mudaling bakul-bakul crita
kladuk umuk adheme swarga panase nraka
mbabar jagad anyar kang durung tumanja
kamangka siji wae durung ana sing mrana.
busana tradhisi
durung bisa nutupi
brabehan kang ngundang berahi
kamangka rapet iku nalika netra nguwasi
lamun hawa napsu kang nguwasani
rapeting busana bakal cucul leladi
wuda kelangan wirang tanpa wadi.
Lamongan,17032025