DORA SEMBADA

Dening: Gampang Prawoto

 

ngleluri basa lan sastra iku apa

ora bisa ngasilake beras lan sega

apa maneh numpuk bandha donya

aja takon sisane, upa wae ora ana

 

Boten kersa mrangguli boten punapa

Ingkang baku welas asih ing dana arta kepareng rade onja langkung prayoga

saparing-paring nadyan boten nujuprana.

 

apa paedahe jejer aksara tuwa

ngrembaka lamun nguwoh lan piguna

weweh sumbangsih tumraping nagara

ing jagad politik tan bisa ngowahi swara.

 

aku ora butuh klangenan cilik mula

sing koktulis ming sakupenging crita

dakbutuhake warta kang dadekake citra

bakune ora ana goroh ing antarane kita

aja dora lamun tumuju mring sembada.

Baca Juga:  Peringati Hari Puisi Nasional, Unusa Luncurkan Buku Puisi Karya Dosen

 

Bojonegoro,10072026