Dening: Gampang Prawoto
Daktagih
janji kang nate kok ucap
wiwit banjir bengawan dadi langganan
tumeka banjir patra nglera sadhengah papan
yagene kuthaku durung bisa dadi klangenan
Daktagih
janji kang nate dadi layang kekancingan
wiwit kuthaku nyegrak ganda bako openan
nalika glondhongan jati isih dadi blandhongan
kang kondhang nganti ilang ming kari aran.
Daktagih
janji-janji kamakmuran
wiwit dalan-dalan rupa lemah blethokan
nganti alus cor beton numpak banter-banteran
salip-salipan nganti ana kang keri klelhapan eseme museum, papan pustaka kang empan
uga gedhung seni kanggo ngleluri kabudayan.
Bojonegoro,20102025








