Gurit Minggu Saka Gampang Prawoto

oleh -
oleh

NGAYAWARA

dakmatake
kanthi lumrahe panyawang
ing netramu ana sunaring srengenge tanwinatesan wengi
pasuryanmu nanggal limalas
tinarbukaning ati
ukara tinembung blaka
kumecap tumus lathi
kadya purnama sidi tan kinalingan
godhong sasuwek
pangangen anggayuh langit
ucul tanpa keloh
mblandrang saparan
ngidak asri endahing taman
nyenggut kembang
nyesep sarining tetanduran.

kanthi lumrahe panyawang
nadyan jangkep ing sampurnaning sandhang panganggo ning yagene wus rinasa cucul tan angagem busana
awit jroning netra ana mata

kanthi lumrahing panyawang
kanyatan iku durung kepara cetha tiningalan netra.

Sastrowidjojo,30012018

SULUK ABANG ATI

wulan ganti aran
kepara tlacak jumangkah ing taun anyar
yogene ora ana kang mangerteni
rasa kapangku wis sundhul langit
nem sasi aku ngranti
tekamu
jumbuh karo dawane ilat
ilat kang nate ndilat talining jagat
mbundheli janji
ing antarane ati lan ati
lair tumusing batin
nyawiji.

lamun isih agetih abang
mula atim ora bakal selak ngadhepi kasunyatan
awit
bebrayan iku ming ayang ayang
sunar sulak padhang sauntara
saka cahyaning hyang mengku jagad
kang wenang ing samubarang
molak-malik
wengi lan rahina, adhem lan panas
uga mangsa rendheng lan ketiga
tanana gosong ing penanangan.

yawis
nedha nrima
daktampa sekabehing warna
lamun bisa dadi sumba
uripku.

Berahi,11012017

PUNGKASAN WIWITAN

aja pisan
selak maring kahanan kang wis dumadi
aja pisan
indha ngoncati garis lorek kang wis cinorek
awit
wiwit kuncung tumekaning gelung
ming dalan dalan kang kudu den liwati
wilangan wilangan ngubengi mangsa
kawiwitan kosong tumeka sanga
minangka titilarasing gesang
ngertenana lamun
wiwitan iku pungkasan
pungkasan iku wiwitan.

Sastrowidjojo,23042018

CEDHAK CIKRAK

bediangmu
ora ming perih ing mripat
ning nyeseg ampeg ing dhadha
ya lumrahe
sapa kang cedhak ing keluk
bakal geganda penguk.

geneya
keluk-kelukmu
lumrah ing padatan
ora ming dadi perih lan ampeg
ning bisa gemrubug ing kuping
ndaret ngrencem ati
gawe tatu
elinga
kuwe kuwi
mig bedianging rajakaya
sapi, kebo, lan wedhus-wedhus
saka suket-suket mambu
sisa pakan kadaluwarsa
lan klethong klethong garing
cedhak cikrak
luput saka timpalan.

Sastrowidjojo, 02062018

SULUK ABANG ATI

wulan ganti aran
kepara tlacak jumangkah ing taun anyar
yogene ora ana kang mangerteni
rasa kapangku wis sundhul langit
nem sasi aku ngranti
tekamu
jumbuh karo dawane ilat
ilat kang nate ndilat talining jagat
mbundheli janji
ing antarane ati lan ati
lair tumusing batin
nyawiji.

lamun isih agetih abang
mula atim ora bakal selak ngadhepi kasunyatan
awit
bebrayan iku ming ayang ayang
sunar sulak padhang sauntara
saka cahyaning hyang mengku jagad
kang wenang ing samubarang
molak-malik
wengi lan rahina, adhem lan panas
uga mangsa rendheng lan ketiga
tanana gosong ing penanangan.

yawis
nedha nrima
daktampa sekabehing warna
lamun bisa dadi sumba
uripku.

Berahi,11012017

*) Penulis adalah Seniman di Bojonegoro, dan juga Guru di SD Negeri Pejambon

No More Posts Available.

No more pages to load.